Minggu, 21 Oktober 2007

SAKING LEBETING FITRAH, HANGGAYUT UKHUWAH

SAKING LEBETING FITRAH, HANGGAYUT UKHUWWAH

Seratan Khutbah ‘Idul Fitri, 1428 H.
Dening: Muhsin Hariyanto

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الله أَكْبَرُ، الله أَكْبَرُ,لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله هُوَ الله أَكْبَرُ, الله أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ.
الحمد لله له الملك وله الحمد وهو عل كل شيء قدير. الذي خلق الموت والحياة ليبلوكم ايكم احسن عملا وهو العزيز الغفور. اشهد ان لا اله الا الله وحده لا شريك له الذى هدانا وانعمنا بالاسلام وامرنا بالجهاد ونور قلوبنا بالكتاب المنير. واشهد ان محمدا عبده ورسوله الذى بلغ الرسالة وادى الامانة ونصح الامة برسالته الخالدة رحمة للعالمين فى ايامنا هذا وفى يومئذ يوم عسير على الكافرين غير يسير. اللهم صل وسلم على هذا النبى الكريم محمد بن عبدالله وعلى اله واصحابه اجمعين.
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَءَامِنُوا بِرَسُولِهِ يُؤْتِكُمْ كِفْلَيْنِ مِنْ رَحْمَتِهِ وَيَجْعَلْ لَكُمْ نُورًا تَمْشُونَ بِهِ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ

Allahu Akbar, Alahu Akbar, Allahu Akbar, Wa Lillahil Hamd.
Kaum Muslimin Rahimakumullah,

Sampun cetha wela-wela, bilih sadaya punapa ingkang kumelip wonten ing ngalam donya, wiwit saking kewan alit dumugi samubarang ingkang paling ageng, sedaya punika katingal alit kabandingaken kaliyan keagungan sarta panguwasinipun Gusti Allah murbeing jagat. Kalebet kita – jalma manungsa – kenging kasebat paribasan namung satetes toya wonten ing jembaring sarta lebetin samodra. Ateges sadaya makhluk wonten ing ngalam donya punika mboten wonten ingkang saget anandingi keagungan sarta panguasanipun Gusti Allah
Trep kaliyan ingkang kabeber wontening ayat suci al-Quran (QS al-Baqarah [2]: 164):
       •        ••       •                    
“Satemene ana ing kadadeyane langit lan bumi, lan gonta-gantine wengi lan rina, sarta kapal kang lelayaran ing samodra kang nggawa faedah tumrap uriping jalma manungsa, lan banyu kang disokake dening Gusti Allah saka langit kang bisa nyuburake bumi kang cengkar lan anyebar pepaking kewan kang mawarna-warna ana ing bumi, mengkono uga Gusti Allah nglakokake angin lan mendhung kang ana ing antarane langit lan bumi, kabeh mau dadi tandha bukti panguwasaning Gusti Allah tumrap wong-wong kang nduweni akal.”

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, Wa Lillahil Hamd.
Kaum Muslimin Rahimakumullah,

Pramila wonten ing dinten ingkang agung sarta suci punika, kanthi gumrenggeng suwantening takbir, tahmid lan tahlil ingkang tansah hangebaki awang-awang ingkang dipun waos dening kawulaning Gusti Allah ingkang tuhu dhumateng tuntunanipun, mangga kita tingkataken iman lan taqwa kita wonten ing ngarsa dalem Allah, sarana nindakaken sadaya dhawuhipun, saha anebihi sadaya awisanipun.
Inggih dinten punika, dinten ingkang saget nyorotaken syi’aring agami, pasedherekan tuwin karukunan, raos tentreming manah, amargi celaking diri pribadi sadaya tiyang Islam satunggal lan sawenehipun, ingkang saged njurung ngraketaken tali silaturahim antawisipun sesamining ngagesang tuwin mujudaken ukhuwwah Islamiyah ingkang murni, tuwuh saking lebeting manah ingkang ‘resik’ amargi sampun pikantuk rahmat sarta maghfirahipun Gusti Allah wontening sak lebeting shiyam. Tresna-trinesnan saiyeg saeka praya, guyup rukun, ambeg welasan ingkang sadaya wau dados cagaking paugeran tumrap saening umat Islam.
Pramila, sampun dados kewajiban kita – umat Islam – nggiligaken raos pasedherekan sarta persatuan, saiyeg saeka praya sampun ngantos bendheng-ceweng dumugining padudon. Jalaran bendheng-ceweng saha padudon kala wau mahanani kawontenaning masyarakat dados ringkih, nebihaken pasederekan satunggal lan sawenehipun.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, Wa Lillahil Hamd.
Kaum Muslimin Rahimakumullah,

Manawi kita mendet hikmah saking kawontenanipun dinten riyadi ingkang agung punika, saestu perlu saget sanget wonten ing salebiting gesang bebrayan wonten ing ngalam donya punika, kita sami ngicali raos gething, panyana awon ingkang mboten-mboten, lan sapiturutipun. Ingkang supados saget mujudaken ukhuwah Islamiyah ingkang murni, inggih pasedherekan ingkang raket, lahir-batos, kados ingkang kaserat ing aturing-sabdanipun kanjeng nabi Muhammad s.a.w.:
الْمُؤْمِنُ لِلْمُؤْمِنِ كَالْبُنْيَانِ يَشُدُّ بَعْضُهُ بَعْضًا
“Wong mukmin tumanduk marang wong mukmin liyane iku kaya dene tembok kang bisa nguwatake siji lang sijine.” (HR al-Bukhari-Muslim dari Abu Musa al-Asy’ari)
Maknanipun, bilih umat Islam punika kados ingkang dipun kersakaken dening kanjeng nabi Muhammad s.a.w., inggih masyarakat ingkang rukun lan kiyat amargi anggadahi ‘semangat’ ukhuwwah ingkang sae, leres sarta trep kados ingkang kalaksanakaken dhening kanjeng nabi Muhammad s.a.w. piyambak, nalika bebrayan kaliyan para sahabatipun, kados satunggaling tembok ingkang manunggal, satunggal lan sawenehipun saget ngiyataken.
Kados ingkang dipun sebat dening para pinisepuh lan sesepuh kita, para ulama:
”الإِتِّحَادُ أَسَاسُ النَّجَاحِ“
(Al-Ittihâdu Asâsun Najâh)
“Kerukunan iku tansah bisa dadi asasing kemenangan.”
Tiyang Jawi negesakan kanthi suraosan:
“Rukun Agawe Santosa, Crah Agawe Bubrah”

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, Wa Lillahil Hamd.
Kaum Muslimin Rahimakumullah,

Wonten ing papapan punika, kita sadaya ngayahi kewajiban ibadah, minangka syukur kita dhumateng pangeran kita, Gusti Allah, ingkang sampun paring kanikmatan mawarni-warni, ingkang sadayanipun sampun mboten saget kita etang jumlahipun, amargi saking kathahipun, lan ugi mujudaken kerukunan ingkang saestu kanthi andherek dawuhing Gusti Allah. Kados ingkang sampun kasebat wonten ing ayat suci al-Quran (QS Ali ‘Imran [3]: 103):
     
“Gegondhelana sira kabeh marang taline Gusti Allah sak kabehe, lan aja padha crah.”

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, Wa Lillahil Hamd.
Kaum Muslimin Rahimakumullah,

Wonten ing dinten punika, mugi sageta kita gesang kanthi langkung sae, mlebet wonten ing alam enggal, angen-angen enggal, pikiran enggal, amal enggal lan suwasana enggal ingkang sarwa sae, langkung sae tinimbang ingkang kala kapengker. Kaparingana hidayah, taufiq, ‘inayah sarta ma’unahipun Gusti Allah, ilmu sarta rezeki ingkang langkung kathah lan barakah, sarta pikantuk kabegjan donya-akherat. Âmîn Yâ Rabbal ‘Âlamîn.
Kanthi ikhlasing manah, mangga kita sesarengan dhedhepe wonten ing pangarsaning pangeran kita, Gusti Allah, ingkang tansah “mireng” sarta nggatosaken donganipun sadaya titah:

اللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنَهُمْ وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْ وَاجْعَل فِي قُلُوْبِهِم الإِيْمَانَ وَالْحِكْمَةَ وَثَبِّتْهُمْ عَلَى مِلَّةِ رَسُوْلِكَ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمْ وَأَوْزِعْهُمْ أَنْ يُوْفُوْا بِعَهْدِكَ الَّذِي عَاهَدْتَهُمْ عَلَيْهِ وَانْصُرْهُمْ عَلَى عَدُوِّكَ وَعَدُوِّهِمْ إِلهَ الْحَقِّ وَاجْعَلْنَا مِنْهُمْ
اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنا دِيْنَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنا وَأَصْلِحْ لنا دُنْيَانا الَّتِي فِيهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لنا آخِرَتنا الَّتِي فِيهَا مَعَادُنا وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لنا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لنا مِنْ كُلِّ شَرٍّ
اللّهمَّ حَبِّبْ إلَيْنَا الإيمَانَ وَزَيِّنْهُ فِي قُلُوْبِنَا وَكَرِّهْ إلَيْنَا الْكُفْرَ وَالْفُسُوْقَ وَالْعِصْيَانَ وَاجْعَلْنَا مِنَ الرَّاشِدِيْنَ
اللهم عذِّبِ الكَفَرَةَ الذين يَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِكَ ويُكَذِّبُوْنَ رُسُلَكَ ويُقاتِلُونَ أوْلِيَاءَكََّ
اللّهمَّ أَعِزَّ الإسْلاَمَ وَالمسلمين وَأَذِلَّ الشِّرْكَ والمشركين وَدَمِّرْ أعْدَاءَ الدِّينِ وَاجْعَلْ دَائِرَةَ السَّوْءِ عَلَيْهِمْ يا ربَّ العالمين
اللهم فَرِّقْ جَمْعَهُمْ وَشَتِّتْ شَمْلَهُمْ وَخُذْهُمْ أَخْذَ عَزِيْزٍ مُقْتَدِرٍ إنَّكَ رَبُّنَا عَلَى كلِّ شَيْئٍ قَدِيْرٍ يَا رَبَّ العالمين
اللهمَّ ارْزُقْنَا الصَّبْرَ عَلى الحَقِّ وَالثَّبَاتَ على الأَمْرِ والعَاقِبَةَ الحَسَنَةَ والعَافِيَةَ مِنْ كُلِّ بَلِيَّةٍ والسَّلاَمَةَ مِنْ كلِّ إِثْمٍ والغَنِيْمَةَ مِنْ كل بِرٍّ والفَوْزَ بِالجَنَّةِ والنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
رَبَّنا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الاخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار
وصَلِّ -- اللهمَّ -- عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمّدٍ وعلى آلِهِ وصَحْبِهِ وَسلّم, والحمد لله رب العالمين. الله أكبر، الله أكبر, الله أكبر ولله الحمد
والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته


Minggir: Jumat, 12 Oktober 2007

Tidak ada komentar: